Tuesday, January 15, 2019

Pidato Bahasa Jawa | Bahaya Nipun Jejaring Sosial

BAHAYA NIPUN JEJARING SOSIAL

Assalamualikum Wr.Wb
Puji soho syukur monggo kita unjukaken  dhumateng allah SWT ingkang sampun paring nikmat lah hidayahipun kangge kita sedoyo, sehingga kita sedaya saget makempal wonten ing papan menika kanti kadaan sehat wal afiat. Solawat lan salam mugi katetepna dhumateng nabi Muhammad sholallohualaihi wassalam dumateng para keluarga, sokhabat, lan sedoyo umatipun dumugi akhir zaman samangkih amin.
Kaping kalih, badhe ngaturaken sesorah bab dampakipun jejaring sosial ing era modern sameniki. “Teknologi soyo suwe soyo maju” . Mboten saged dipunhindari menawi amarga wontenipun internet, jejaring sosial niki lair lan terus ngembang nganthi era modern sameniki. Ing era modern sameniki, jejaring sosial menika sampun dados kaperluan urip sadinten – dinten, umpamanipun ing kagiatan sosialisasi, pendidikan , bisnis, lan sapanunggalanipun.
Jejaring sosial ing era modern sameniki tuladhanipun yaiku Facebook, Twitter, Instagram, BBM, lan sapanunggalanipun. Tuwa, nem-neman , nganthi cah cilik jaman sameniki padha gadhah ingkang namine jejaring sosial. Kabeh padha kecanduan dening jejaring sosial. Mula pramila akehing jejaring sosial meniki kita sedaya kedhah waspada lan ngati-ati bilih jejaring sosial meniki gadahi manfaat sae lan uga manfaat kang ala.
Mboten kabeh jejaring sosial gadhahi manfaat utawa dampak kang positif kangge penggunanipun. Napa malih ing kalangan nem – neman jaman sakniki kang emosine tasih labil. Tegese labil yaiku emosine tasih gampang diubah-ubah tanpa pemikiran kang tebih tanpa mikirke dampak posifipun utawa negatifupun. Pramila sumangga kita cermati dampak positif lan negatifipun anane jejaring sosial meniki.
Dampak positifipun inggih menika :
dados sarana hubungan kang efektif ketimbang ngirim surat ing kantor pos
dados alat kang bisa nyebar pawarta utawa informasi kanthi cepet
dados sarana kang bisa mbiyantu para kalangan mahasisa ing kagiatan sinau
dados sarana kang bisa mangerteni pawarta pawarta kang ayar lan uptodate utawa informasi kang lagi ngetrend jaman sakniki.
dados sarana kangge nambah rencang, utaminipun rencang – rencang kang tebih
Menawi dampak negatifipun inggih menika :
dadosaken para kalangan mahasiswa males anggonipun sinau amargi waktu senggangipun dipunginaaken kangge dolanan jejaring sosial
Wektu sinaunipun kalangan mahasiswa dados kajupuk lan berkurang
Dadosaken kita sedaya kecanduan dening jejaring sosial niki sehingga kita sedaya mboten saged urip nek mboten nyekel jejaring sosial meniki
Kurangipun hubungan sosial dening masyarakat utawa tiyang tiyang sekitar amargi kita padha keasikan dolanan jejaring sosial
Cekap semanten kang bisa kula aturaken , mugi mugi lewat sesorah meniki kita sedaya bisa mikir kritis punapa dampak positif utawi neagitifpun anane jejaring sosial meniki supados kita sedaya mboten rugi ing wingkingipun. Menawi wonten kalepatanipun , kula nyuwun agunging pangaksami. Matur nuwun
Wassalamualikum Wr.Wb



0 komentar:

Post a Comment